Video dan Lirik Jawa Timur Genk Kobra

Diposting oleh Unknown on Jumat, 07 Desember 2012

Video dan Lirik Jawa Timur Genk Kobra - Dari pelataran Kota Solo kali ini Gablenk mempersembahkan sebuah lagu manis yang akan mengisi ruang dengar sobat semua,mari yuk kita simak Video dan lirik lagu Genk Kobra yang berjudul Jawa Timur yang diambil dari album 4 "Merajut Nusantara" simak yuk dengan seksama.

Video Lagu Jawa Timur Genk Kobra
Lirik lagu Jawa Timur Genk Kobra

Sopo Nganggo mesthine sing Nggawe
Sopo sing Arep kok dadine Kate
Kowe iku Kon dadi arane
Arane Uwong iku Arek kene

Jawa Timur neng pinggire pulo Jowo
Nyebrang laut tekane pulo Meduro
Daerah Industri kuwi Gerbang Kertosusilo
Pancer tengahe ono ing Suroboyo

Tapal kuda istilah kanggo daerah wetan
Mlipir pantai tekane kutho pacitan
Mojopahit Kerajaan gedhe ing Nuswantoro
Kari bekase ono ing Mojokerto

Tanjung Perak iku jeneng Pelabuhane
Pancen penak yen dolan karo pacare
Apel Malang enak rasane
Apel prawan ojo suwe suwe

Suwar suwir panganan khas etan kono
Pasir putih neng arahe situbondo
Bondowoso enak tapene
Karo konco sing rukun wae

Reoge Ponorogo, Waroke Suromenggolo
Kerapan sapi meduro, Tradisine rakyat pesta
Alase, Alas Purwo mentok tekan Watu Ulo
Ketapang Banyuwangi numpak Ferry tekan Bali

Gunung Bromo lewat kutho Probolinggo
Numpak jaran mesthi tekan Ndukur kono
Tulungagung kulak marmer
Ngombe Tuak, turune ngleker

Interlude 1.

Jawa Timur neng pinggire pulo Jowo
Nyebrang laut tekane pulo Meduro
Daerah Industri kuwi Gerbang Kertosusilo
Pancer tengahe ono ing Suroboyo

Kutho Gresik ono pabrike sing gedhe
Gedhe tenan ora iso dibayangke
Semongko Bajul Bojonegoro
Bacut ucul yo di ikhlasno

Pasuruan dolan neng taman safari
Nonton macan, singo ning sing ati-ati
Bengkel sepur neng Madiun
Ojo mundur mengko mundhak getun

Interlude 2.

Lewat Blitar ziarah makam Bung Karno
Neng Kediri ngelingake Joyoboyo
Mampir dhisik golek tahu
Mbolak-mbalik, sirahku ngelu

Jombang iku kuthone Kiai lan santri
Menyang kono nonton ludruk ojo lali
Munggah Batu trus neng Malang
Mlaku-mlaku golek kembang-kembang

Coda.
Bali mampir neng Jember, wis kelakon muter-muter
Muter Jowo kalangan lewat kuthone Lumajang
Babat Tuban Lamongan, Momong konco angel tenan
Sidoarjo nasibe, dadi rejo mengko tembe

Tebu Ireng - Langitan -- Asembagus - Tegalsari
Gontor -- Tremas Pacitan, Pertapane poro santri
Candine Panataran bekase sih edi peni
Telogone sarangan, Magetan trus Maospati

Holobis kuntul baris, tekan ngawi kentekan Bis
Holobis kuntul baris, adem tenan tur meh grimis
Holobis kuntul baris, enake trus nahu petis

Selain video dan lirik Jawa Timur Genk Kobra masih banyak lagi tersimpan koleksi apik dari group musik asal jawa tengah ini seperti lagu Sepur Kluthuk dan lainnya,so stay tune terus dan ingat,tetep bernafas yaa.

{ 0 komentar... read them below or add one }

Posting Komentar

 
Sitemap | Disclaimer | Privacy Policy | Contact Us
Copyright © 2013. Gablenk - All Rights Reserved
In Collaboration With Cerita Dewasa | TV Dewasa
Modified by Babux Sandjaja | Powered by Blogger